LAMUNAN ~ Era Syaqira // Pindha Samudra Pasang Kang Tanpo Wangenan (WAHYU F GIRI)

Описание к видео LAMUNAN ~ Era Syaqira // Pindha Samudra Pasang Kang Tanpo Wangenan (WAHYU F GIRI)

Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang

LAMUNAN – Era Syaqira
Karya : Wahyu F Giri

Music : Nanang Kliwon
Video : BlackStallion Art Media

Lirik :
Sumribid angin ratri tansah hangantheni
Setya nrajang telenging ati
Angen angen tumlawung suwung ing wengi sepi
Tansah angranti tekamu duh yayi

Wong ayu age nyedhak a ing sandhingku
Nyawang manise esemmu
Gawe lerem e rasaku tentrem ing atiku
Haywa pegat tresnamu sayangku

Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan

Wong ayu age nyedak a ngekep ragaku
Sirnakna lara branta ing atiku
Amerga kabidhung wewayangmu ing pikirku
Haywa pegat tresnamu dhuh sayangku

Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan

Sumribid angin ratri tansah hangantheni
Setya nrajang telenging ati

Copyright © 2024 Khatulistiwa Record
#Lamunan #EraSyaqira #PopAmbyar
#KhatulistiwaRecord

Комментарии

Информация по комментариям в разработке